Senin, 28 Maret 2016

Ngemu Piwulang Becik Marang Manten Lanang Lan Wadon



Gresik kalebu salah sawijining kutha ing pesisir lor pulau Jawa sing wis tua umure. Akeh kabar lan sumber sejarah sing nyebutake yen kutha sing saiki diarani kutha santri iku biyen disenengi para pedagang mancanegara. Nalika jaman perdagangan kuno Gresik dadi papan kanggo leren utawa bandar transito. Wong Cina nyebut T`sin T`sun sing artine Gresik kota baru. Bangsa Portugis ngarani Agace. Dene bangsa Walanda nggawe  istilah Grissee.
           
Barang-barang kuna lan gedung-gedung tua sing isih ana nganti temekaning saiki dadi tetenger yang Gresik biyen tahu dadi kutha sing kondhang kaloka kajalandara. Kampung-kampung sing biyen tahu dadi papan panggonane para pedagang mancanegara kayata Kampung Kemasan, Kemuteran, Arab, Pecinan, lan Lumpur isih lestari nganti seprene. Kampung-kampung tua iku dadi saksi yen kutha Gresik tahu dadi bagian penting ana ing panggung panggung sejarah Nasional lan uga Internasional.
            Sakliyane dadi  pusat penyebaran agama Islam ing tanah Jawa, Gresik uga kondhang amarga panganan sing dadi cirri khas. Saben dina kutha iki ora tahu turu. Wong-wong saindenging Nusantara padha teka saperlu ziarah ana ing kuburane Sunan Giri lan Maulana Malik Ibrahim ( Sunan Gresik ). Sinambi ziarah kubur, wong-wong sing padha melancong iku padha ngicipi kuliner khas Gresik, kayata Pudak, Legen, otak-otak bandeng, nasi krawu, lan manekawarna jajan pasar liyane. Bisa dipangon nang ggon, tapi uga bisa digawa mulih kanggo oleh-oleh.
            Kejaba saka iku, tradisi lan budaya, sarta kesenian tradisional tinggalane para wasis isih tetep ngrembaka nganti seprene. Salah sijine yaiku seni pencak macan. Pencak macan iku salah sijine tradisi budaya masyarakat Kroman lan Lumpur, kecamatan Gresik sing Islami. Kesenian tradisional kuwi mulai dikenal lan ngrembaka nalika jamane Sindudjaja, murid Sunan Giri III. Kawitane seni pencak macan iku mung kebiasaan ngarak temanten. Temanten lanang nalika budhal nang omahe temanten wadon diarak kaya dene karnaval. Pas nang tengah prapatan dipentasake manekawarna kesenian tradisional, kalebu pencak macan.
            Laki rabi iku bab kang paling wigati. Saben manungsa mesthi ngalami. Ana ing ngarepe penghulu temanten kekarone prasetya bakal mbangun tresna nganti sabaya mukti, sabaya pati. Sing diarep-arep, ing tembe bisa mujudake keluarga sing sakinah,mawaddah, lan warrahmah. Keluarga cilik sing ayem tentrem, rahayu nir ing sambikala sarta oleh ridlane Gusti Allah SWT. Mbangun bale wisma iku ibarate kaya dene wong numpak perahu ana madyaning samodra. Kadhang kala ombak gedhe, kadhang ya cilik. Gambaran iki mau, kabeh bisa dipirsani ana ing  pementasan seni pencak macan.
            Ing pertunjukkan seni pencak macan ana 4 tokoh utama, yaiku macan, gondoruwo, kethek lan ulama. Macan kuwi nggambarake kewan sing galak lan nggegirisi nanging tanggungjawab. Tegese wong urip bebrayan laki-rabi iku wong lanang kudu nduweni watak kaya dene macan gagah prakosa, teges, wibawa nanging sayang karo keluarga. Jumbuh karo unen-unen sak galak-galake macan ora bakal mangsa gogore dhewe.
            Gondoruwo iku makhluk sing wujude medeni. Iki inangka perlambang sifat sing ngagung-agungake nafsu angkara murka. Perang sing paling abot iku ya perang nglawan hawa nafsu. Yen kita bisa ngendalekake lan nglawan hawa nafsu kita bakal slamet ndonya lan akhirat. Kosokbaline, yen kita dikendalekake hawa nafsu, berarti kita padha karo gondoruwo sing wujud manungsa.
            Tukar padu iku bab kang lumrah kanggone wong urip bebrayan. Bab iku sejatine amarga salah sijine sing lanang utawa sing wadon padha ora iso ngendhalekake hawa nafsune. Nanging bab iku aja nganti kriwikan dadi grojogan. Lha carane supaya ora tukar padu, sing lanang utawa sing wadon kudu cekelan lengo kayu gapuk. Lengo tegese yen sing siji mentheleng, sijine kudu lungo. Kayu tegese yen ana salah sijine ana tanda-tanda arep tumindak kasar, liyane kudu mesem ngguyu. Gapuk tegese nek sing lanang lagi wegah, sing wadon kudu ngepuk-epuk.
            Wong wadon sing trengginas lan pinter ngurus bale wisma, nanging kadhang kala cerewet tur crigis. Lha kuwi disimbolake kethek. Masio wong wadon kerep diarani kanca wingking, nanging nduweni peran sing penting amrih jejege balewisma. Ana dhuwit sithik ya bisa nyukup-nyukupake, ana dhuwit akeh ya enthek gan nyisa blas. Wong wadon kuwi pendampinge wong lanang sing setia tuhu. Wong lanang sing kasil mujudake gegayuhane kuwi sejatine ora bisa owal saka perane wong wadon ning omah.
            Ewadene ubarampe sing digawe pertunjukan seni pencak macan ing antarane yaiku ketopang wolung lonjor lan Pontang lima. Ketopang yaiku sapu kerik sing cacahe telung puluh dihias karo kertas sing wernane abang-putih ditancepke ana ing who kates banjur dideleh ana ing ndhuwure pring. Diarani Ketopang wolung lonjor amarga digawa wong wolu cacahe.. Salah sijine digawe royokan wong-wong sing padha nonton. Pontang yaiku janur kuning sing wis diiseni panganan saka beras ketan maneka warna, tengahe ana conthong saka godhong gedhang sing pucuke diwenehi kapas. Diarani pontang lima amarga digawa perawan sunthi lima cacahe.
            Seni pencak macan saiki wis ora digawe ngarak temanten maneh. Nang ora terus seni pencak macan iku ilang kasilep budaya mancanegara. Seni pencak macan saiki malah dadi komoditi pariwisata lan obyek penelitian. Nganti seprene seni pencak macan tetep ngrembaka. Amarga warga kutha Gresik nduweni tekas yen arep nguri-uri lan nglestarekake seni pencak macan.

1 komentar:

  1. Tulisan niki kaya dene alat kanggo tetenger supaya masyarakat tansah nguri nguri kabudayan ojo nganti katundhung kabudayan manca negara.

    BalasHapus