Kanggone wong mancanegara, jeneng (asma)
kuwi dianggep ora ana arti lan maknane apa-apa. Jeneng dianggep bab kang ora
wigati amarga jeneng kuwi ora ana gegaguyutane karo pangkat lan drajate manungsa.
Bab iki mathuk karo kandhane Pujangga Inggris, William Shakespeare ”What’s in a name? That which we call a rose.
By any other name would smell as sweet”. Diwenehi jeneng apa wae iku padha.
Saumpama dijenengi liya mawar iku tetep wangi gandane.
Ananging
kanggone wong Jawa ora mengkono. Jeneng kuwi bab sing wigati banget. “Asma kinarya japa,” kandhane. Kaya ana
sugesti, yen paring asma ora kena sembarangan. Amarga bab kuwi iso nuwuhake
kadadeyan sing ora dikepingini. Keliru menehi jeneng dipercaya iso ndadekake
urip sengsara. Mula saka kuwi para sepuh yen paring asma marang putra-putrine
ora kena sakkarepe dhewe. Ana rituale dhewe nalika sapa wae sing arep paring
asma yakuwi bancakan/slametan utawa donga bareng kanthi ngundhang tangga teparo.
Ganti
jeneng iku bab kang lumrah tumrape wong Jawa. Upamane, ana bocah sing mulai
lahir cenger lara-laraen, kapeksa jenenge diganti Slamet (= Selamat). Ana bocah
sing lara, wis digolekake tamba rana rene ora waras-waras nganti arep temekaning
pati. Nalika oleh tamba terus waras jenenge banjur diganti Urip (=Hidup). Ana
uga wong tua sing duwe pangajab anake sehat, keker, lan kuat dijenengi Santoso.
Lha sing arep-arep supaya uripe anake ora kakehan coba diwenehi jeneng Aman.
Ana
uga kebiasaan ngganti jeneng sing ana gegayutane karo masalah strata sosial. Bocah
lanang sing wis laki rabi lan utawa munggah pangkat sarta oleh bebungah jenenge
diganti. Ana jeneng jeneng cilik lan
jeneng gedhe . Tuladhane, Pangeran Diponegoro, nduweni jeneng cilik Ontowiryo.
Sutawijaya, sawise oleh bebungah saka Sultan Hadiwijaya terus ngedegake
Kasultanan Mataram. Nalika munggah pangkat dadi Sultan Mataram jenenge ganti
dadi Panembahan Senopati. Semono uga Sultan Agung Hanyokrokusumo, jeneng asline
yaiku RM. Rangsang.
Ora mung jenenge wong, menehi jeneng
badan usaha uga ora kena serampangan. Jenenge badan usaha kudu mathuk karo sing
dikarepake. Hotel Majapahit, upamane. Sing duwe hotel duwe karep supaya hotele
kondang kaloka kajalandara kaya sing nate rengkuh dening kerajaan Majapahit. Ana
uga sing paring jeneng usaha kelontonge Toko Lumintu. Pangajabe entuk bathi
sithik gak masalah sing penting mili terus gak ana pedhote kaya dene banyu
kali.
Kejaba saka iku
timbalan kang aran Emak, Mbok,
Biyung, Kang, Yuk, Pak Lik , Pak Wo , Pak Dhe, wis ora pati
krungu amarga ora tau digawer.
Timbalan
kasebut dianggep kurang semanak maneh, gak gaul, lan mung nuduhake timbale wong
cilik utawa wong sing ora duwe pangkat. Emak, Mbok, lan Biyung kerep dipadhakake karo tandur ning
sawah utawa mepe karak Bapak kerep disejajarno karo
ngarit utawa ngguyang kebo, sapi.
Lha Mama lan Papa, Mimi uga Papi kerep dipadhakake karo Shopping, mlaku-mlaku ning supermarket lan
panggonan belanja sing wis moder. Mula
saka kuwi bocah saiki wis emoh nimbali wong tuwane kanthi timbalan Emak, Mbok, lan bapak. Dheweke luwih seneng lan bombing
atine yen nimbali wong tuwane kanthi timbalan Papa-Mama utawa Mimi-Pipi.
Kasunyatan kang kasebut
ing dhuwur kuwi kejaba mergo jamane wis maju uga ana bab liya sing njalari,
yaiku bab psikologis, yaiku
ngupadi sapa sejati aku iki (proses mencari jatidiri). Saben manungsa ora bisa owal teka pros
ngupadi awake dhewe. Amarga bab iku minangka bagian saka tugas perkembangan. Jati diri dudu
bab sing diturunake kanthi lahiriah.
Jati diri mesti “berproses”. Akeh bab sing iso njalari jati diri iku owah. Nuju sawijing dina, seneng utawa gak seneng, sadar utawa gak
sadar, saben manungsa ning njero atine mesti takon sapa ta sejatine aku iki. Nah, nalika pitakonan iku ana ning
njerone sirah, yaiku sejatine
jati diri manungsa lagi “berproses”.
Miturut Sastrawan saka Universitas Surabaya
Prof. Budi Darma, ana
telung trap sing wigati babagan ngupadi sapa ta sejatining aku iki (jati diri)
yaiku bayangan
gelap, persona lan anima. Bayangan gelap yaiku nalika manungsa
ora krasa lan ora ngrumangsani nyen lagi ngupadi sapa ta sejatine aku iki (jati diri). Persona yaiku solah bawa sing dikethokake ning ngarepe
wong akeh kanthi dhelikna kasunyatan sing sak benere. Ing trap (tahap) iki sakbenenere
manungsa iku wis ngerti sapa ta sejatine aku iki nanging “Aku sing Ego” dudu “Aku sing sakbenere”. Lha, anima yaiku kosokbaline ciri-ciri khusus
sing ana gegayutane karo jenis kelamin (gender) sing dikaitake karo identitas
lan perane manungsa ing madyaning urip bebrayan agung.
Saben individu bisa
mangerteni sapa ta sejanine
aku iki (Jatidiri)
kanthi proses individuasi.
Individuasi yaiku proses nalika individu mulai nyuda keterikatane
marang kelompok sing njalari sudane ketaatan marang kelompoke, sahingga
individu kasebut bisa ngrembaka dhewe owal saka kelompoke. Yen nganggo ukara
sing seerhana individuasi iku “proses differensiasi”, pungkasan saka
ngrembakane kapribaden individu sing misah lan beda karo liyane. Ana ing fase
iki individuasi iki, individu
wis bisa nyimpulake iki lho aku sing sakbenere. Aku sing sing sejati. Aku ya Aku, amarga Aku dudu wong liya. Lan Aku dadi Aku amarga ana bab kang njalari beda
antarane Aku lan
wong liya.