Senin, 28 Maret 2016

Asma Kinarya Japa



Kanggone wong mancanegara, jeneng (asma) kuwi dianggep ora ana arti lan maknane apa-apa. Jeneng dianggep bab kang ora wigati amarga jeneng kuwi ora ana gegaguyutane karo pangkat lan drajate manungsa. Bab iki mathuk karo kandhane Pujangga Inggris, William Shakespeare ”What’s in a name? That which we call a rose. By any other name would smell as sweet”. Diwenehi jeneng apa wae iku padha. Saumpama dijenengi liya mawar iku tetep wangi gandane.
            Ananging kanggone wong Jawa ora mengkono. Jeneng kuwi bab sing wigati banget. “Asma kinarya japa,” kandhane. Kaya ana sugesti, yen paring asma ora kena sembarangan. Amarga bab kuwi iso nuwuhake kadadeyan sing ora dikepingini. Keliru menehi jeneng dipercaya iso ndadekake urip sengsara. Mula saka kuwi para sepuh yen paring asma marang putra-putrine ora kena sakkarepe dhewe. Ana rituale dhewe nalika sapa wae sing arep paring asma yakuwi bancakan/slametan utawa donga bareng kanthi ngundhang tangga teparo.
            Ganti jeneng iku bab kang lumrah tumrape wong Jawa. Upamane, ana bocah sing mulai lahir cenger lara-laraen, kapeksa jenenge diganti Slamet (= Selamat). Ana bocah sing lara, wis digolekake tamba rana rene ora waras-waras nganti arep temekaning pati. Nalika oleh tamba terus waras jenenge banjur diganti Urip (=Hidup). Ana uga wong tua sing duwe pangajab anake sehat, keker, lan kuat dijenengi Santoso. Lha sing arep-arep supaya uripe anake ora kakehan coba diwenehi jeneng Aman.
            Ana uga kebiasaan ngganti jeneng sing ana gegayutane karo masalah strata sosial. Bocah lanang sing wis laki rabi lan utawa munggah pangkat sarta oleh bebungah jenenge diganti.  Ana jeneng jeneng cilik lan jeneng gedhe . Tuladhane, Pangeran Diponegoro, nduweni jeneng cilik Ontowiryo. Sutawijaya, sawise oleh bebungah saka Sultan Hadiwijaya terus ngedegake Kasultanan Mataram. Nalika munggah pangkat dadi Sultan Mataram jenenge ganti dadi Panembahan Senopati. Semono uga Sultan Agung Hanyokrokusumo, jeneng asline yaiku RM. Rangsang.
             Ora mung jenenge wong, menehi jeneng badan usaha uga ora kena serampangan. Jenenge badan usaha kudu mathuk karo sing dikarepake. Hotel Majapahit, upamane. Sing duwe hotel duwe karep supaya hotele kondang kaloka kajalandara kaya sing nate rengkuh dening kerajaan Majapahit. Ana uga sing paring jeneng usaha kelontonge Toko Lumintu. Pangajabe entuk bathi sithik gak masalah sing penting mili terus gak ana pedhote kaya dene banyu kali.
             Kejaba saka iku timbalan kang aran Emak, Mbok, Biyung, Kang, Yuk, Pak Lik , Pak Wo , Pak Dhe, wis ora pati krungu amarga ora tau digawer. Timbalan kasebut dianggep kurang semanak maneh, gak gaul, lan mung nuduhake timbale wong cilik utawa wong sing ora duwe pangkat. Emak, Mbok, lan Biyung kerep dipadhakake karo tandur ning sawah utawa mepe karak  Bapak kerep disejajarno karo ngarit utawa ngguyang kebo, sapi.
Lha Mama lan Papa, Mimi uga Papi kerep dipadhakake karo Shopping, mlaku-mlaku ning supermarket lan panggonan belanja sing wis moder. Mula saka kuwi bocah saiki wis emoh nimbali wong tuwane kanthi timbalan Emak, Mbok, lan bapak. Dheweke luwih seneng lan bombing atine yen nimbali wong tuwane kanthi timbalan Papa-Mama utawa Mimi-Pipi.
            Kasunyatan kang kasebut ing dhuwur kuwi kejaba mergo jamane wis maju uga ana bab liya sing njalari, yaiku bab psikologis, yaiku ngupadi sapa sejati aku iki (proses mencari jatidiri). Saben manungsa ora bisa owal teka pros ngupadi awake dhewe. Amarga bab iku minangka bagian saka tugas perkembangan. Jati diri dudu bab sing diturunake kanthi lahiriah. Jati diri mesti berproses. Akeh bab sing iso njalari jati diri iku owah. Nuju sawijing dina, seneng utawa gak seneng, sadar utawa gak sadar, saben manungsa ning njero atine mesti takon sapa ta sejatine aku iki. Nah, nalika pitakonan iku ana ning njerone sirah, yaiku sejatine jati diri manungsa lagi berproses.
            Miturut Sastrawan saka Universitas Surabaya Prof. Budi Darma, ana telung trap sing wigati babagan ngupadi sapa ta sejatining aku iki (jati diri) yaiku bayangan gelap, persona lan anima. Bayangan gelap yaiku nalika manungsa ora krasa lan ora ngrumangsani nyen lagi ngupadi sapa ta sejatine aku iki (jati diri).  Persona yaiku solah bawa sing dikethokake ning ngarepe wong akeh kanthi dhelikna kasunyatan sing sak benere. Ing trap (tahap) iki sakbenenere manungsa iku wis ngerti sapa ta sejatine aku iki nanging “Aku sing Ego” dudu Aku sing sakbenere”. Lha, anima yaiku kosokbaline ciri-ciri khusus sing ana gegayutane karo jenis kelamin (gender) sing dikaitake karo identitas lan perane manungsa ing madyaning urip bebrayan agung.
            Saben individu bisa mangerteni sapa ta sejanine aku iki (Jatidiri) kanthi proses individuasi. Individuasi yaiku proses nalika individu mulai nyuda keterikatane marang kelompok sing njalari sudane ketaatan marang kelompoke, sahingga individu kasebut bisa ngrembaka dhewe owal saka kelompoke. Yen nganggo ukara sing seerhana individuasi iku “proses differensiasi”, pungkasan saka ngrembakane kapribaden individu sing misah lan beda karo liyane. Ana ing fase iki individuasi iki, individu wis bisa nyimpulake iki lho aku sing sakbenere. Aku sing sing sejati.  Aku ya Aku, amarga Aku dudu wong liya. Lan Aku dadi Aku amarga ana bab kang njalari beda antarane Aku lan wong liya.

Ngemu Piwulang Becik Marang Manten Lanang Lan Wadon



Gresik kalebu salah sawijining kutha ing pesisir lor pulau Jawa sing wis tua umure. Akeh kabar lan sumber sejarah sing nyebutake yen kutha sing saiki diarani kutha santri iku biyen disenengi para pedagang mancanegara. Nalika jaman perdagangan kuno Gresik dadi papan kanggo leren utawa bandar transito. Wong Cina nyebut T`sin T`sun sing artine Gresik kota baru. Bangsa Portugis ngarani Agace. Dene bangsa Walanda nggawe  istilah Grissee.
           
Barang-barang kuna lan gedung-gedung tua sing isih ana nganti temekaning saiki dadi tetenger yang Gresik biyen tahu dadi kutha sing kondhang kaloka kajalandara. Kampung-kampung sing biyen tahu dadi papan panggonane para pedagang mancanegara kayata Kampung Kemasan, Kemuteran, Arab, Pecinan, lan Lumpur isih lestari nganti seprene. Kampung-kampung tua iku dadi saksi yen kutha Gresik tahu dadi bagian penting ana ing panggung panggung sejarah Nasional lan uga Internasional.
            Sakliyane dadi  pusat penyebaran agama Islam ing tanah Jawa, Gresik uga kondhang amarga panganan sing dadi cirri khas. Saben dina kutha iki ora tahu turu. Wong-wong saindenging Nusantara padha teka saperlu ziarah ana ing kuburane Sunan Giri lan Maulana Malik Ibrahim ( Sunan Gresik ). Sinambi ziarah kubur, wong-wong sing padha melancong iku padha ngicipi kuliner khas Gresik, kayata Pudak, Legen, otak-otak bandeng, nasi krawu, lan manekawarna jajan pasar liyane. Bisa dipangon nang ggon, tapi uga bisa digawa mulih kanggo oleh-oleh.
            Kejaba saka iku, tradisi lan budaya, sarta kesenian tradisional tinggalane para wasis isih tetep ngrembaka nganti seprene. Salah sijine yaiku seni pencak macan. Pencak macan iku salah sijine tradisi budaya masyarakat Kroman lan Lumpur, kecamatan Gresik sing Islami. Kesenian tradisional kuwi mulai dikenal lan ngrembaka nalika jamane Sindudjaja, murid Sunan Giri III. Kawitane seni pencak macan iku mung kebiasaan ngarak temanten. Temanten lanang nalika budhal nang omahe temanten wadon diarak kaya dene karnaval. Pas nang tengah prapatan dipentasake manekawarna kesenian tradisional, kalebu pencak macan.
            Laki rabi iku bab kang paling wigati. Saben manungsa mesthi ngalami. Ana ing ngarepe penghulu temanten kekarone prasetya bakal mbangun tresna nganti sabaya mukti, sabaya pati. Sing diarep-arep, ing tembe bisa mujudake keluarga sing sakinah,mawaddah, lan warrahmah. Keluarga cilik sing ayem tentrem, rahayu nir ing sambikala sarta oleh ridlane Gusti Allah SWT. Mbangun bale wisma iku ibarate kaya dene wong numpak perahu ana madyaning samodra. Kadhang kala ombak gedhe, kadhang ya cilik. Gambaran iki mau, kabeh bisa dipirsani ana ing  pementasan seni pencak macan.
            Ing pertunjukkan seni pencak macan ana 4 tokoh utama, yaiku macan, gondoruwo, kethek lan ulama. Macan kuwi nggambarake kewan sing galak lan nggegirisi nanging tanggungjawab. Tegese wong urip bebrayan laki-rabi iku wong lanang kudu nduweni watak kaya dene macan gagah prakosa, teges, wibawa nanging sayang karo keluarga. Jumbuh karo unen-unen sak galak-galake macan ora bakal mangsa gogore dhewe.
            Gondoruwo iku makhluk sing wujude medeni. Iki inangka perlambang sifat sing ngagung-agungake nafsu angkara murka. Perang sing paling abot iku ya perang nglawan hawa nafsu. Yen kita bisa ngendalekake lan nglawan hawa nafsu kita bakal slamet ndonya lan akhirat. Kosokbaline, yen kita dikendalekake hawa nafsu, berarti kita padha karo gondoruwo sing wujud manungsa.
            Tukar padu iku bab kang lumrah kanggone wong urip bebrayan. Bab iku sejatine amarga salah sijine sing lanang utawa sing wadon padha ora iso ngendhalekake hawa nafsune. Nanging bab iku aja nganti kriwikan dadi grojogan. Lha carane supaya ora tukar padu, sing lanang utawa sing wadon kudu cekelan lengo kayu gapuk. Lengo tegese yen sing siji mentheleng, sijine kudu lungo. Kayu tegese yen ana salah sijine ana tanda-tanda arep tumindak kasar, liyane kudu mesem ngguyu. Gapuk tegese nek sing lanang lagi wegah, sing wadon kudu ngepuk-epuk.
            Wong wadon sing trengginas lan pinter ngurus bale wisma, nanging kadhang kala cerewet tur crigis. Lha kuwi disimbolake kethek. Masio wong wadon kerep diarani kanca wingking, nanging nduweni peran sing penting amrih jejege balewisma. Ana dhuwit sithik ya bisa nyukup-nyukupake, ana dhuwit akeh ya enthek gan nyisa blas. Wong wadon kuwi pendampinge wong lanang sing setia tuhu. Wong lanang sing kasil mujudake gegayuhane kuwi sejatine ora bisa owal saka perane wong wadon ning omah.
            Ewadene ubarampe sing digawe pertunjukan seni pencak macan ing antarane yaiku ketopang wolung lonjor lan Pontang lima. Ketopang yaiku sapu kerik sing cacahe telung puluh dihias karo kertas sing wernane abang-putih ditancepke ana ing who kates banjur dideleh ana ing ndhuwure pring. Diarani Ketopang wolung lonjor amarga digawa wong wolu cacahe.. Salah sijine digawe royokan wong-wong sing padha nonton. Pontang yaiku janur kuning sing wis diiseni panganan saka beras ketan maneka warna, tengahe ana conthong saka godhong gedhang sing pucuke diwenehi kapas. Diarani pontang lima amarga digawa perawan sunthi lima cacahe.
            Seni pencak macan saiki wis ora digawe ngarak temanten maneh. Nang ora terus seni pencak macan iku ilang kasilep budaya mancanegara. Seni pencak macan saiki malah dadi komoditi pariwisata lan obyek penelitian. Nganti seprene seni pencak macan tetep ngrembaka. Amarga warga kutha Gresik nduweni tekas yen arep nguri-uri lan nglestarekake seni pencak macan.

e-kliping







Rabu, 06 Januari 2016

PENCAK MACAN DI TENGAH KEPUNGAN BUDAYA MODERN



Gresik merupakan salah satu kota tua di pesisir utara pulau jawa. Berbagai kronik dan sumber sejarah menyebutkan ihwal peranan penting kota yang sekarang dikenal sebagai kota santri itu. Pada masa perdagangan kuno Gresik menjadi Bandar transito yang amat disukai para pedagang dari mancanegara. Orang Cina menyebutnya dengan T`sin T`sun yang berarti Gresik kota baru. Bangsa Portugis menyebutnya Agace. Dan orang Belanda menyebutnya dengan istilah Grissee.
            Benda-benda purbakala serta gedung-gedung tua yang masih tersisa menjadi sebuah bukti kegemilangan yang pernah ditorehkan masyarakat Gresik kala itu. Kampung-kampung dulu yang pernah dijadikan transit para pedagang asing, seperti Kampung Kemasan, Kemuteran, Arab, Pecinan, dan Lumpur masih terjaga hingga sekarang. Tempat tersebut menjadi sebuah saksi bahwa kota Gresik pernah menjadi bagian penting dalam panggung sejarah Nasional maupun Internasional.
            Selain salah satu pusat penyebaran agama Islam di tanah Jawa, Gresik juga dikenal dengan berbagai produk masakan. Setiap hari selama 24 Jam penuh kota ini tak pernah tidur. Wisatawan dari berbagai penjuru  tanah air datang Untuk  berziarah ke makam Sunan Giri dan Maulana Malik Ibrahim ( Sunan Gresik ). Sambil berziarah, lidah mereka dimanjakan oleh nikmatnya sajian kuliner khas Gresik, seperti Pudak, Legen, otak-otak bandeng, nasi krawu, serta aneka jajan pasar lainnya. Bisa dimakan di tempat, tapi juga bisa dibawa pulang sebagai buah tangan.
            Tidak hanya itu, tradisi dan budaya, serta kesenian tradisional warisan para leluhur masih tetap eksis dan terjaga hingga saat ini. Salah satunya adalah seni pencak macan. Pencak macan merupakan sebuah tradisi budaya masyarakat Kroman dan Lumpur, kecamatan Gresik yang bernuansa Islami. Kesenian tradisional ini mulai dikenal dan berkembang pada masa Sindudjaja, murid Sunan Giri III. Awalnya, seni pencak macan merupakan tradisi ngarak ( mengantarkan ) pengantin. Pengantin laki – laki yang hendak menuju ke rumah pengantin perempuan diarak seperti layaknya karnaval, kemudian di perempatan jalan dipentaskan berbagai kesenian tradisional, termasuk pencak macan.
            Pernikahan adalah ritual yang amat suci. Di hadapan penghulu, kedua mempelai berikrar akan selalu mempertahankan biduk rumah tangganya. Yang diharapkan adalah terwujudnya sebuah keluarga yang sakinah,mawaddah, dan warrahmah. Keluarga kecil bahagia dan sejahtera di bawah lindungan Tuhan yang Maha Esa. Membangun rumah tangga ibarat berlayar di atas sampan di tengah samudra nan luas. Kadang datang ombak besar hingga nyaris menenggelamkan bahtera rumah tangga. Kadang hanya riak-riak kecil yang menyembul ke permukaan. Gambaran tersebut tercermin dalam pementasan seni pencak macan.
            Dalam pertunjukan seni pencak macan setidaknya ada empat tokoh utama, yakni macan, gondoruwo, monyet dan seorang ulama. Macan merupakan binatang yang kuat, galak, buas, tapi bertanggungjawab. Dalam rumah tangga seeorang laki – laki harus memiliki watak seperti macan, yakni gagah perkasa, keras, namun bertanggungjawab serta menyayangi keluarga. Orang Jawa bilang sak galak-galake macan ora bakal mangsa gogore dhewe. Kalau diterjemahkan secara bebas artinya sebuas-buasnya harimau tidak akan mungkin memakan anaknya sendiri.
            Gondoruwo adalah makhluk yang wujudnya sangat mengerikan. Melambangkan sifat yang mengagunkan nafsu angkara murka. Perang terberat adalah perang melawan hawa nafsu. Apabila kita mampu mengendalikan hawa nafsu niscaya akan selamat dunia akhirat. Sebaliknya, apabila kita dikendalikan hawa nafsu maka kita sama dengan gondoruwo tapi bertampang manusia.
            Perselisihan, beda pendapat, salah pengertian, konflik adalah hal yang lumrah terjadi di dalam rumah tangga. Sejatinya hal tersebut disebabkan karena salah satu suami / istri tak mampu mengendalikan nafsu. Namun jangan sampai kriwikan dadi grojogan. Masalah sepele kemudian menjadi masalah besar. Untuk meredam nafsu tersebut harus berpegangan pada lengo kayu gapuk. Lengo artinya kalau yang satu mentheleng maka yang lain harus lungo ( menghindar ). Kayu artinya kalau yang satu ada tanda – tanda mau berbuat kasar, maka yang lain harus mesem ngguyu ( tersenyum ). Sedangkan gapuk artinya kalau yang laki – laki lagi wegah ( enggan / malas ) maka yang perempuan harus ngepuk-epuk ( membelai ) pasangannya.
            Perempuan yang lincah, piawai mengurus rumah tangga, tapi cerewet, bawel, dan crigis  disimbolkan oleh tokoh monyet. Meskipun perempuan kerap diidentikan dengan konco wingking , namun memiliki peran cukup sentral dan menegakkan kehidupan rumah tangga. Ada duit sedikit ya cukup, ada uang banyak ya habis tak tersisa. Perempuan adalah pendamping suami yang setia. Keberhasilan dan kesuksesan seorang lelaki sebenarnya tidak lepas dari peran perempuuan di rumah.
            Sementara properti serta aksesoris yang digunakan adalah Ketopang delapan lonjor dan Pontang lima. Ketopang adalah sapu lidi yang berjumlah tiga puluh tiga yang dihiasi dengan kertas warna merah – putih ditancapkan pada buah pepaya dan diletakkan di atas bambu. Disebut Ketopang delapan lonjor karena dibawa delapan orang. Salah satu diantaranya diperebutkan para pengunjung. Pontang adalah janur kuning yang telah diisi makanan dari beras ketan berwarna warni, bagian tengahnya terdapat contong dari daun pisang yang ujungnya diberi kapas. Disebut pontang lima karena dibawa oleh lima perempuan yang berparas aduhai.
            Saat ini, masyarakat Gresik memang jarang yang menggunakan seni pencak macan sebagai tradisi ngarak pengantin. Akan tetapi bukan berarti seni pencak macan lenyap begitu saja. Seni pencak macan kini menjadi komoditi pariwisata dan obyek penelitian. Belum lama berselang, Heritage Studies mahasiswa dari International Islamic University negeri Jiran, Malaysia dalam lawatannya ke Jawa Timur menyempatkan diri  mampir ke Gresik menyaksikan seni pencak macan. Salah satu diantara mereka tidak mampu menyembunyikan kekagumannya. “ Bagus sekali. Harimau-nya seperti hidup seperti harimau sungguhan, “ kata Nabila Badjenid, mahasiswa semester VI jurusan arsitektur International Islamic University, Malaysia.
            Hingga saat ini kesenian tradisional pencak macan masih tetap terjaga eksistensinya. Hal ini tidak lepas dari komitmen yang tinggi masyarakat Gresik dalam menjaga Warisan budaya. Tidak hanya itu, komunitas-komunitas semisal Masyarakat Sejahrawan Indonesia (MSI) komisariat Gresik serta Masyarakat Pecinta Sejarah dan Budaya Gresik (Mataseger) bertekad melestarikan bahkan membumikan seni pencak macan.